Lirik Lagu Syiir Walisongo

Walisongo


Allahumma Sholli Wa Sallim ‘ala
Sayyidina Wa Maulana Muhammadin
‘Adada Ma Fi’ilmillahi Sholatan
Daimatan Bidawami Mulkillahi

Do Elingo Iki Jamane Wis Tuwo
Tuntunan Agomo Do Dianggep Kuno
Lakonono Ajarane Walisongo
Sing Ra Kerso Ojo Nyacat Ojo Ngino

Ajarane Walisongo Werno-werno
Dzikir Tahlil Kirim Dungo Lakonono
Moco Qur’an Lan Sholawat Kulinakno
Ziaroh Kubur Ojo Nganti Dilalekno

Ono Carane Dakwah Klawan Budoyo
Umpamane Koyo Sunan Kalijogo
Pituture Mlebu Ati Ora Kroso
Tuntunan Agomo Biso Diamalno

Wis Kabukten Rikolo Jaman Semono
Akeh Poro Manungso Nyembah Braholo
Banjur Sadar Laku Musyrik Ditinggalno
Podo Nderek Ajarane Walisongo