Lirik Lagu Syi’ir Tanpo Waton (Syi’iran Gus Dur)

Syi’ir Tanpo Waton


Astaghfirulloh Robbal Baroya
Astaghfirulloh Minal Khotoya
Robbi Zidni ‘ilman Nafi’a
Wa Wafiqni Amalan Sholikha

Yaa Rosulalloh Salamun’alaik
Yaa Rofi’ashani Wadaroji
‘athfatayaji Rotal ‘alamii
Yaa Uhailal Judiwal Karomi

Ngawiti Ingsun Nglaras Syi’iran #
Kelawan Muji Maring Pengeran
Kang Paring Rohmat Lan Kenikmatan #
Rino Wengine Tanpo Pitungan

Duh Bolo Konco Prio Wanito #
Ojo Mung Ngaji Syare’at Bloko
Gur Pinter Dongeng Nulis Lan Moco #
Tembe Mburine Bakal Sangsoro

Akeh Kang Apal Qur’an Haditse #
Seneng Ngafirke Marang Liyane
Kafire Dewe Dak Digatekke #
Yen Isih Kotor Ati Akale

Gampang Kabujuk Nafsu Angkoro #
Ing Pepahese Gebyare Dunyo
Iri Lan Meri Sugihe Tonggo #
Mulo Atine Peteng Lan Nisto

Ayo Sudulur Jo Nglalekake #
Wajibe Ngaji Sak Pranatane
Nggo Ngandelake Iman Tauhide #
Baguse Sangu Mulyo Matine

Kang Aran Sholeh Bagus Atine #
Kerono Mapan Sari Ngilmune
Laku Thoriqot Lan Ma’rifate #
Ugo Hakekot Manjing Rasane

Alqur’an Qodim Wahyu Minulyo #
Tanpo Tinulis Iso Diwoco
Iku Wejangan Guru Waskito #
Den Tancepake Ing Njero Dodo

Kumanthil Ati Lan Pikiran #
Mrasuk Ing Badan Kabeh Jeroan
Mukjizat Rosul Dadi Pedoman #
Minongko Dalan Manjinge Iman

Kelawan Alloh Kang Moho Suci #
Kudu Rangkulan Rino Lan Wengi
Ditirakati Diriyadhohi #
Dzikir Lan Suluk Jo Nganti Lali

Uripe Ayem Rumongso Aman #
Dununge Roso Tondo Yen Iman
Sabar Narimo Najan Pas-pasan #
Kabeh Tinakdir Saking Pengeran

Kelawan Konco Dulur Lan Tonggo #
Kang Podo Rukun Ojo Dak Sio
Iku Sunahe Rosul Kang Mulyo #
Nabi Muhammad Panutan Kito

Ayo Nglakoni Sekabehane #
Alloh Kang Bakal Ngangkat Drajate
Senajan Ashor Toto Dhohire #
Ananging Mulyo Maqom Drajate

Lamun Paslastro Ing Pungkasane #
Ora Kesasar Roh Lan Sukmane
Den Gadang Alloh Swargo Manggone #
Utuh Mayyite Ugo Ulese