Lirik Lagu Didi Kempot - Gusti Ora Sare

Lirik Lagu Didi Kempot - Gusti Ora Sare

Didi Kempot - Gusti Ora Sare


Bejo Ciloko, Soro Lan Mukti
Wis Ginaris Kang Dumadi
Loro Ati Iki Kowe Sing Natoni
Ben Tak Tompo Lelakon Iki

Gusti Ra Sare Tansah Ngulatke
Tutugno Anggonmu Ngece
Ati Seje Lambe Sing Kok Ucapake
Ora Nyono Ngene Dadine

Gusti Ora Sare, Ngerti Sak Kabehe
Gusti Ora Sare, Ngerti Sak Nyatane

Sing Salah Aku Opo Kowe
Sing Salah Aku Opo Kowe

Gusti Ra Sare Tansah Ngulatke
Tutugno Anggonmu Ngece
Ati Seje Lambe Sing Kok Ucapake
Ora Nyono Ngene Dadine

Gusti Ora Sare, Ngerti Sak Kabehe
Gusti Ora Sare, Ngerti Sak Nyatane
Gusti Ora Sare, Ngerti Sak Kabehe
Gusti Ora Sare, Ngerti Sak Nyatane

Sing Salah Aku Opo Kowe
Sing Salah Aku Opo Kowe
Lirik Lagu Didi Kempot - Aku Bojomu

Lirik Lagu Didi Kempot - Aku Bojomu

Didi Kempot - Aku Bojomu


Ojo Kok Lalekke Aku Bojomu
Sing Uwis Suwe Urip Karo Sliramu
Nganti Tekaning Tuwo Ojo Mbok Gawe Gelo
Sing Tak Jaluk Ojo Nganti Cidro

Banyu Sumur Sing Bening Gede Sumbere
Paribasan Timbane Ono Ning Kene
Wong Sing Eling Mesti Gede Tresnane
Ojo Nganti Lali Anak Lan Bojone

Wis Slawe Taun Nggonku Urip Karo Kowe
Tansah Setyo Seprono Nganti Seprene
Urip Tentrem Ayem Momong Anak Putune
Matur Nuwun Bojoku Yo Kowe Dewe

Reff :
[puisi]
“Lagu Iki Tak Aturake
Kanggo Sedulurku Kabeh Sing Ono Ing Suriname
Utowo Sedulur-dulurku Sing Ono Ing Negoro Holland
Sing Lagi Ngingeti Dino Ulang Tahun Kawinan
Naliko Dek Semono, Matur Suwun, Salam Soko Aku,didi Kempot”